Ikrar Syawalan 1434 H
Bismillahirahmanirohim
Bapak-bapak soho ibu ingkang kulo hormati, sakderengipun kulo ngaturaken salam hormat dumateng Bapak ibu sedoyo : Selamat Idul Fitri 1434 H, taqoballohu mina wa minkum taqoballohu ya karim, minal aidzin wal faidzin.
Astagfirulloh hal azim 3x
Ingkang sapindah:
Kulo nyuwun dumateng Bapak ibu, sae sacoro kedinasan ugi secoro pribadi, ingkang sengojo utawi mboten sengojo kulo nyuwun agunging pangapunten.
Ingkang kaping kalih:
Mbok bilih wonten hak adam ingkang tumanduk dumateng kulo, lumantir Bapak ibu ingkang dereng halal, kulo nyuwun halalipun. Dene ingkang sampun maringaken halalipun mugi-mugi saget ndadesaken kaberkahan dumateng kulo panjenengan minongko ibadah ingkang istiqomah.
Salajengipun:
Mbok bilih Bapak ibu kagungan kalepatan dumateng kulo, sacoro kedinasan ugi pribadi, kanthi tulus kulo ugi sampun caos pangapunten. Mugi-mugi Allah nglimpahaken maghfiroh dumateng kito sedoyo.
Amin.
Leave a Reply